Tetesan air buat kenangan Wangi yang bisa melukai Sedikit mozaik-mozaik asa yang masih tersimpan perlahan menuju kehidupan abadi
Tampilkan postingan dengan label Jawa Klasik. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Jawa Klasik. Tampilkan semua postingan
Kamis, 03 Juli 2014
SERAT WIRA WIYATA "sinopsis" bagian III
Seorang pegawai bila melalikan tugas, harus mau dihukum untuk menegakkan hokum dan kedilan. Anak kecil pun bila nakal dan bersalah tentu akan dimarahi. Atau dipukul agar menyadari kesalahannya.
Sebaliknya, jika taat kepada disiplin tentu akan mendapat hadiah sesuai dengan karyanya. Prajurit diangkat dan ada pula yang dipecat, itu menunjukkan adanya keadilan.
Prajurit yang tidak siaga, merugikan Negara dan memalukan raja. Janganlah kamu sombon bahwa sudh dibutuhkan oleh Negara.
Negara telah berjasa memberikan segala kebutuhanmu, memberimu kehormatan melebihi pegawai lainnya.
Apakah yang engkau cari-cari? Sebagaimana yang dilakukan oleh para pendeta, petani, dan nahkoda yang berjuang mencari kemuliaan.
Seandainya kamu bkan prajurit, kamu pun masih dapat makan dan minum dari hasil bumi, serta memiliki raja yang melindungimu dengan adil. Jika kamu menginginkannya berarrti kamu berdosa.
Jika ditugaskan ke medan perang hars teguh tekatnya. Melaksanakan segala perintah komandan/ panglima. Jangan bertindak yang berlebih-lebihan sehingga menimbulkan kesulitan bagi panglima dan prajurit lainnya.
Para perwira pun harus tunduk kepada perintah panglima. Mereka dapat diibaratkan sebuah panah, panglima-lah yang berhak membidiknya. Laksanakan tugas dengan senang dan hadapi mush dengan gagah berani.
Sebagai prajurit, buktikan sumpahm. Kuatkan tekatmu dan jangan berkecil hati. Berperang adalah tugas mulia.
Seorang prajurit pemberani, meskipun terdesak musuh, tabah dan menyimpan siasat, memperhatikan keadaan medan, perhatikan musuh, mana yang berkurang ekuatannya, dihampiri untuk diserang, digempur agar menyerah, pasti menang semua akan selamat.
Prajurit kang wani sendyan kadhesek musuh, dheweke tetep bisa sabar lan isih nyimpen strategi, isih bisa merhatekna musuh kang kurang kekuatane. Supaya bisa digempur, musuh nyerah,menang pungkasane.
SERAT WIRA WIYATA bagian II
23. Mangkono uga yen bisa,
miturut sarta ngakoni,
temtu den opahi uga,
wit gawe leganing ati,
akeh tuwin sathithik,
minurwat lan karyanipun,
tan beda patrapira,
prajurit jinunjung linggih,
myang ingundur iku adil jenengira.
24. Yen tan bisa samektanya,
nora jumeneng prajurit,
gawe tuna marang praja,
weh lingeseming narapati,
amung sira pribadi,
kang ndhuwurken ing piyangkuh,
mung lagi bisa aba,
anggepmu mbutuhken nagri,
ywa kebanjur duwe cipta kang mangkana.
25. Wruhanta lalakonira,
sajatine wus angemping,
mring praja miwah Narendra,
dene durung potang kardi,
sira wus den paringi,
sandhang pangan nora kantu,
sinuba kinurmatan,
ounjul sasamaning abdi,
mangsa kala linilan lungguh satata.
26. Apa kang sira upaya,
kamulyan aneng nagari,
ingajenan mring sasama,
nyawabi mring sasama,
nyawabi mring anak rabi,
nadyan para maharsi,
ingkang tapa neng ngasamun,
mong tani lan nangkoda,
rinewangan anderpati,
nora liyan kamulyan kang den upaya.
27. Upamane raganira,
nora dadia prajurit,
iya misih mangan sega,
dene minum warih,
saking wetuning bumi,
uga kagungan ing ratu,
lan sira ingayoman,
rineksa kalawan adil,
lamun datan rumasa sira duraka.
28. Marma den sumurup sira,
mring sih kamulaning Gusti,
benjang yen tinuduh sira,
lumawat ngadoni jurit,
yeku karyanta yekti,
pangudangireng Gustimu,
kono aja pepeka,
den madhep marang sawiji,
nanging cipta sedyakna males mring praja.
29. Prapteng papan cumadhonga
ing printah senapati,
aja abawa priyangga,
dumeh sira bandha wani,
lumangkah mring ngulabi,
kang mangkono sasat mungsuh,
gawe guguping rowang,
weh gidhuhing senapati,
yen kasora dadi sira antuk dosa.
30. Lungguhing para prawira,
yen ana madyaning jurit
nora wenang duwe karsa,
ragane pama jemparing,
kang mesthi senapati,
ing sakarsa kang pinanduk,
linepas ywa saranta,
angsahira den mranani,
marang mungsuh aja keguh ing bebaya.
31. Den kadi Partasuta,
Bimanyu kala tinudhing,
mangurah kang gelar cakra,
dening sang Yudhistira Ji,
sukaning tyas tan sipi,
dupi rinoban ing mungsuh,
kesthi trahing satriya,
wedi wirang wani mati,
yeka mangka tamsiling para prawira.
32. Kono sedhenge medharna,
ing kasuran guna sekti,
nyimakna paningalira,
ing tekad ywa walang ati,
wruhanta senapati,
wakiling Gusti satuhu,
Gusti wakiling suksma,
kang kinon ngudaneni,
mring kawula kang sumedya mrih utama.
33. Padha ingaran utama,
ing pakaryan mangun jurit,
iku kang luhur priyangga,
wus kasebut kanan sruti,
yen tapaning prajurit,
ngasorken tapaning wiku,
wit sumungkuning puja,
neng pucuking gunung wesi,
sang pandhita neng pucuking kang aldaka.
34. Ing tekad dipun santosa,
aja angrasani pati,
apan tan minenang sira,
gumamntung karsaning Widdhi,
yen wis tibaning pasthi,
nora pilih marganipun,
ala mati neng wisma,
becik mati kang utami,
tur sumbaga dadi ngamale trahira.
35. Wus ana keyektenira,
sang Partasuta ing nguni,
palastra aneng palagyan,
lawan lagawaning pati,
wit dennya anglabuhi,
Pandhawa manggiha unggul,
puwarantuk nugraha,
sira wau Partasiwi,
turunira angratoni tanah Jawa.
36. Lamun durung takdirira,
nadyan ana hru sakethi,
yen tan waswas ing wardaya,
sayekti nora ngenani,
amung sajroning jurit,
aja sira darbe,
ing lair amanuta,
ing sakarsa senapati,
batinira kumambanga ing wisesa.
37. Ri sedheng nen bayantaka,
kalamun ana kang weri,
nungkul wus mbuwang palastra,
nora wenang den pateni,
binandhang iku wajib,
yen ngantia nemu lampus,
tetep nistaning prajurit,
nemu dosa temah apesing ayuda.
38. Mangkono priyangganira,
yen kaselut ing ngajurit,
aja gugup den prayitna,
ing tekad dipun pratitis,
awit wong murweng jurit,
ana papangkatanipun,
nistha madya utama,
yen kober dipun engeti,
kanisthane wong kaselut neng ranangga.
39. Ing papa nora kuciwa,
gegaman samekta sami,
atandhing padha kehira,
tanpa kiwul ing ajurit,
tangeh ana pepati,
myang tanana nandhang tatu,
mundur tanpa lasaran,
mung labet kekesing ati,
kang mangkono antuk dosa tri prakara.
40. Dhihin marang ing Narendra,
denira cidra ing janji,
kapindho ngasorken praja,
kang mulyakken marang dhiri,
katri marang Hyang Widdhi,
ngukuhi gadhuhanipun,
kokum pantes linunanas,
padhane sato wanadri,
yen janmaa pasthi ana tekadira.
41. Nadyan para prawira,
yen kaseser ing ngajurit,
nadyan keh kedhike padha,
kasor papane sasupit,
mundur amrih pakolih,
ing pangolah nora gugup,
sarana winiweka,
kaangkah dennya mangungkih,
yen sinerang rikat rinukat marwasa.
42. Utaminireng prawira,
sanadyan karoban tandhing,
tatag tur simpen weweka,
wengkoning papan tiniling,
linanglangan kang weri,
endhi kang suda ing purun,
pinaran pinarwasa,
winisesa amrih titih,
estu jaya sadaya samya raharja.
Sabtu, 21 Juni 2014
SERAT WIRAWIYATA
SINOM
1. Wuryanta dennya
manitra,
Nujwa ari wrahaspati,
Kaliwan tanggal sapisan,
Sasi saban wuku wukir,
Ehe sangkelang warsi,
Murtyasha amulang sunu
(=1788)
Sung pariwara darma,
Jeng Gusti Pangeran
Dipati,
Harya Mangkunagara
ingkang kaping pat.
2. Heh sagung pra
siswaningwang,
Kang samya dadi
prajurit,
Aja wiyang ig wardaya,
Rehing wus sira lakoni,
Balik dipun nastiti,
Marang ing kawajibanmu,
Owelen sariranta,
Reksanen luhurmu sami,
Yen kuciwa weh alun
alaning raga.
3. Awit sira wus
prasetya,
Nalika jinunjung
linggih,
Saguh nut angering
praja,
Myang pakoning narapati,
Sineksen den estreni,
Mring para wira
sawegung,
Upama sira cidra,
Nyimakke ajining dhiri,
Temah nistha weh
wiranging yayah rena.
4. Ywa sira duwe
pangira,
Lamun wong dadi
prajurit,
Karyane abot priyangga,
Wruhanta sagung pakerti,
Kabeh donya puniki,
Tan ana prabedanipun,
Kang dagang neh lautan,
Miwah ingkang among
tani,
Suwana kang suwita ing
narendra.
5. Myang kang tapa
jroning guwa,
Kang manusup ing asepi,
Lakone padha kewala,
Awit iku dadi margi,
Mrih katekaning kapti,
Sapangkate pandumipun,
Nanging saranira,
Mantep temen lan taberi,
Samektane ingaranan
laksipaja.
6. Lawan sira sumurupa,
Kang kalebu pangabekti,
Nora sembahyang kewala,
Kang dadi parenging
Widdhi,
Sakeh panggawe becik,
Kang manteb suci ing
kalbu,
Uga panembah,
Yen katrima iku sami,
Sinung rahmat samurwate
badanira.
7. Lamun tan mawa
sarana,
Paran katekaning kapti,
Lir mbedhag tanpa
wisaya,
Sayektinira Hyang
Widdhi,
Tan karsa mitulungi,
Marang wong kang datan
laku,
Nir ngamal myang
panembah,
Kumudu dipun turuti,
Ngendi ana Gusti wineh
ing kawula.
8. Kang mangkono
andupara
Lamun jinurung ing
kapti,
Malah nandhang duka
cipta,
Kasiku angreh Hyang
Widdhi,
Marmanta sira sami,
Aja kasusu panggayuh,
Manawa during ngrasa,
Duwe ngamal kang
nlabeti,
Becik sira angona
lakuning praja.
9. Dene sira iku bagya,
Antuk kawiryawan
mangkin,
Yektine katut prabawa,
Saking leluhmu sami,
Nguni wus patang sakit,
Dadya ing kapenakipun,
Tumiba marang sira,
Murwa sukur ing Hyang
Widdhi,
Tarimanen berkahing wong
tuwanira.
10. Jer janma kang wus
minulya,
Lis wadhahe lenga wangi
Utamane winantonan,
Gandane saya menuhi,
Nadyan ngisengan warih,
Lebating we maksih arum,
Kang mangka sudarsana,
Jeng Gusti Pangeran
Dipati,
Harya Mangku Nagara
ingkang kapisan.
11. Duk babade murweng
yuda,
Neng alas limalas warsi,
Sewu lara sewu papa,
Ngupaya mulyaning dhiri,
Antuk pitulung Widdhi,
Katutungan karsanipun,
Mukti sawedyanira,
Tumerah dalah samangkih,
Buyut canggah kasrambah
milu wibawa,
12. Iku ta kayektinira,
Pralambang lenga wanngi,
Upamane duk samana,
Tan antuk pitulung
Widdhi,
Praptane jaman iki,
Tan ana caritanipun,
Marma den enget sira,
Aja ngaku angekoki,
Mung ngrasaa lamun
anempil wibawa.
13. Mangkana gya
winantonan,
Marang kang jumeneng
malih,
Jeng Gusti Pangeran
Dipatya,
Mangkunagara ping kalih,
Pinet sraya mring
Inggris,
Amukul nagari Matarum,
Sabesahe kang praja,
Ginanjar sewu kang bumi,
Dadi tetap lenggah
limang ewu karya.
14. Rambah malih
sinarya,
Marang Gubermen Walandi,
Mukul prang Diponegara,
Sarampunge ing ajurit,
Ginanjar bumi malih,
Sukowati limang atus,
Lan blanja saben wulan,
Mangka ingoning
prajurit,
Patang ewu patang atus
wolung dasa.
15. Prapta
panjenenganira,
Jeng Gsti Pangeran
Dipati,
Mangkunegaraa ping tiga,
Ing drajat pinrih
lestari,
Mangun harjaning budi,
Mring Gupermen tyas
sumungku,
Ginanjar kang bandera,
Lan mariyem kalih rakit,
Iku mangka tandhaning
sih pinarcaya.
16. Kepriye yen sira
ngras,
Antuk kalawan pribadi,
Dadi mungkir jenengira,
Kaciren lair myang
batin,
Ginaguyweng sasami,
Lupute gonira ngaku,
Langguk piyangkuh nira,
Kasiku marang Hyang
Widdhi,
Dadi tuna duwe turun
kang mangkana.
17. Lamun yekti saking
sira,
pribadi tandhane endi,
apa wus munjuli sira,
marang samaning dumadi,
saking ing krama niti,
lawan apa wus misuwur,
ing guna prawiranta,
kang kanggo marang
nagari,
baya durung lir lakone
luhure.
18. Pira bara sira bisa,
ngupure darajat malih,
dadi janget kinatigan,
dadi santo seng wuri,
tumurun marang siwi,
sokur bisa prapteng
putu,
milu tampa kawiryan,
yogyane angkahen kaki,
ra orane aja punggel
saking sira.
19. Lamun drajat
kalakona,
punggele saking sireki,
dadi sira nganiaya,
marang darahmu pribadi,
tan kendel ingkang wuri,
dhapur kapotangan laku,
salagi tembe bisa,
antuk kang darajat malih,
sasambungan yekti becik
kang widada.
20. Upama nora punggele,
jer nora ngupaya malih,
yen wus punggel nadyan
sira,
semedi ing saben ratri,
antuke durung mesthi,
tiwas
angengecer laku,
marma den enget sira,
sajrone lumakyeng kardi,
pangreksamu ing drajat
aywa pepeka.
21. Dene jejring
wandanta,
ing mangko dadi
prajurit,
maju baris lawan
jaga,
teori lesan sepeksi,
iku dudu pakarti,
ajar-ajar
jenengipun,
wus dadi wajibira,
prajurit dipun
geladhi,
papadhane santri
ingajar sembahyang.
22. Sinung ukum
sawatara,
yen nglirwakken marang
wajib,
iku wus lakune praja,
jejege kalawan adil,
sanadyan liyan janmi,
duk neng yayah
renanipun,
yen luput rinengonan,
utawa den jemalani,
dadi iku wineruhken tata
krama.
Langganan:
Postingan (Atom)