Sabtu, 21 Juni 2014

Embuh

Rasa-rasane ora percaya
Ndeleng kahanan negaraku iki
Sesliweran wong-wong pada dhemo
Nuntut hak asasi. . .
Wira-wiri, ngalor ngidul, ngetan ngulon
Padha njaluk keadilan
Ora cetha njaluk karo sapa
Pamarintah wis bingung kudu ngapa
Mung bisa cekelan sirah
Nanging sirah opo?
Lha wong sirahe wis ilang,
Katut kasus-kasus korupsi!
Yen ngene sapa sing kudu disalahke
Masyarakat apa pamarintah!!
Ahhhhh…. Ora ngerti aku
Aku mung bisa ngomong

Embuh. . . 

SERAT WIRAWIYATA

SINOM


1. Wuryanta dennya manitra, 
Nujwa ari wrahaspati, 
Kaliwan tanggal sapisan, 
Sasi saban wuku wukir, 
Ehe sangkelang warsi, 
Murtyasha amulang sunu (=1788) 
Sung pariwara darma, 
Jeng Gusti Pangeran Dipati, 
Harya Mangkunagara ingkang kaping pat.

  

2. Heh sagung pra siswaningwang, 
Kang samya dadi prajurit, 
Aja wiyang ig wardaya, 
Rehing wus sira lakoni, 
Balik dipun nastiti, 
Marang ing kawajibanmu, 
Owelen sariranta, 
Reksanen luhurmu sami, 
Yen kuciwa weh alun alaning raga.



 3. Awit sira wus prasetya, 
Nalika jinunjung linggih, 
Saguh nut angering praja, 
Myang pakoning narapati, 
Sineksen den estreni, 
Mring para wira sawegung, 
Upama sira cidra, 
Nyimakke ajining dhiri, 
Temah nistha weh wiranging yayah rena.
  


4. Ywa sira duwe pangira, 
Lamun wong dadi prajurit, 
Karyane abot priyangga, 
Wruhanta sagung pakerti, 
Kabeh donya puniki, 
Tan ana prabedanipun, 
Kang dagang neh lautan, 
Miwah ingkang among tani,
 Suwana kang suwita ing narendra.

  

5. Myang kang tapa jroning guwa,
 Kang manusup ing asepi,
 Lakone padha kewala,
 Awit iku dadi margi,
 Mrih katekaning kapti,
 Sapangkate pandumipun,
 Nanging saranira,
 Mantep temen lan taberi,
 Samektane ingaranan laksipaja.



6. Lawan sira sumurupa,
 Kang kalebu pangabekti,
 Nora sembahyang kewala,
 Kang dadi parenging Widdhi,
 Sakeh panggawe becik,
 Kang manteb suci ing kalbu,
 Uga panembah,
 Yen katrima iku sami,
 Sinung rahmat samurwate badanira.
  


7. Lamun tan mawa sarana,
 Paran katekaning kapti,
Lir mbedhag tanpa wisaya,
Sayektinira Hyang Widdhi,
Tan karsa mitulungi,
Marang wong kang datan laku,
Nir ngamal myang panembah,
Kumudu dipun turuti,
Ngendi ana Gusti wineh ing kawula.



8. Kang mangkono andupara
Lamun jinurung ing kapti,
Malah nandhang duka cipta,
Kasiku angreh Hyang Widdhi,
Marmanta sira sami,
Aja kasusu panggayuh,
Manawa during ngrasa,
Duwe ngamal kang nlabeti,
Becik sira angona lakuning praja.



9. Dene sira iku bagya,
Antuk kawiryawan mangkin,
Yektine katut prabawa,
Saking leluhmu sami,
Nguni wus patang sakit,
Dadya ing kapenakipun,
Tumiba marang sira,
Murwa sukur ing Hyang Widdhi,
Tarimanen berkahing wong tuwanira.




10. Jer janma kang wus minulya,
 Lis wadhahe lenga wangi
 Utamane winantonan,
Gandane saya menuhi,
Nadyan ngisengan warih,
Lebating we maksih arum,
Kang mangka sudarsana,
Jeng Gusti Pangeran Dipati,
Harya Mangku Nagara ingkang kapisan.



11. Duk babade murweng yuda,
Neng alas limalas warsi,
Sewu lara sewu papa,
Ngupaya mulyaning dhiri,
Antuk pitulung Widdhi,
Katutungan karsanipun,
Mukti sawedyanira,
Tumerah dalah samangkih,
Buyut canggah kasrambah milu wibawa,



12. Iku ta kayektinira,
Pralambang lenga wanngi,
Upamane duk samana,
Tan antuk pitulung Widdhi,
Praptane jaman iki,
Tan ana caritanipun,
Marma den enget sira,
Aja ngaku angekoki,
Mung ngrasaa lamun anempil wibawa.



13. Mangkana gya winantonan,
 Marang kang jumeneng malih,
 Jeng Gusti Pangeran Dipatya,
 Mangkunagara ping kalih,
 Pinet sraya mring Inggris,
 Amukul nagari Matarum,
 Sabesahe kang praja,
 Ginanjar sewu kang bumi,
 Dadi tetap lenggah limang ewu karya.



 14. Rambah malih sinarya,
 Marang Gubermen Walandi,
 Mukul prang Diponegara,
 Sarampunge ing ajurit,
 Ginanjar bumi malih,
 Sukowati limang atus,
 Lan blanja saben wulan,
 Mangka ingoning prajurit,
Patang ewu patang atus wolung dasa.


15. Prapta panjenenganira,
Jeng Gsti Pangeran Dipati,
Mangkunegaraa ping tiga,
Ing drajat pinrih lestari,
Mangun harjaning budi,
Mring Gupermen tyas sumungku,
Ginanjar kang bandera,
Lan mariyem kalih rakit,
Iku mangka tandhaning sih pinarcaya.



16. Kepriye yen sira ngras,
 Antuk kalawan pribadi,
 Dadi mungkir jenengira,
 Kaciren lair myang batin,
 Ginaguyweng sasami,
 Lupute gonira ngaku,
 Langguk piyangkuh nira,
 Kasiku marang Hyang Widdhi,
 Dadi tuna duwe turun kang mangkana.



17. Lamun yekti saking sira,
pribadi tandhane endi,
 apa wus munjuli sira,
 marang samaning dumadi,
 saking ing krama niti,
 lawan apa wus misuwur,
 ing guna prawiranta,
 kang kanggo marang nagari,
 baya durung lir lakone luhure.
  


18. Pira bara sira bisa,
ngupure darajat malih,
 dadi janget kinatigan,
 dadi santo seng wuri,
 tumurun marang siwi,
sokur bisa prapteng putu,
 milu tampa kawiryan,
 yogyane angkahen kaki,
 ra orane aja punggel saking sira.
  


19. Lamun drajat kalakona,
 punggele saking sireki,
 dadi sira nganiaya,
 marang darahmu pribadi,
tan kendel ingkang wuri,
 dhapur kapotangan laku,
 salagi tembe bisa,
 antuk kang darajat malih,
 sasambungan yekti becik kang widada.
  


20. Upama nora punggele,
 jer nora ngupaya malih,
 yen wus punggel nadyan sira,
 semedi ing saben ratri,
 antuke durung mesthi, tiwas
angengecer laku,
marma den enget sira,
 sajrone lumakyeng kardi,
pangreksamu ing drajat aywa pepeka.



 21. Dene jejring wandanta,
 ing mangko dadi prajurit,
 maju baris lawan jaga,
 teori lesan sepeksi,
 iku dudu pakarti,
 ajar-ajar jenengipun,
 wus dadi wajibira,
 prajurit dipun geladhi,
papadhane santri ingajar sembahyang.

  
  
22. Sinung ukum sawatara,
 yen nglirwakken marang wajib,
 iku wus lakune praja,
 jejege kalawan adil,
 sanadyan liyan janmi,
  duk neng yayah renanipun,
 yen luput rinengonan,
 utawa den jemalani,
 dadi iku wineruhken tata krama.

Sikap Wanita Jawa

Dalam hubungannya dengan masyarakat secara umum, seorang wanita yang baik harus dapat menjaga etika yaitu berhati-hati, bersikap hemat, menjaga kehormatan, segala perilaku harus dipikirkan dan diarahkan ke hal yang baik. Hubungan dengansuami, hendaknya : rajin, menghindari perilaku cacat, jangan menurutkan keinginan pribadiharus sesuai kondisidan keperluan (harus empan papan) dan harus mempertimbangkan berbagai hal (duga-duga).

Di samping itu juga diajarkan bahwa ada tentang 6 syarat istri kepada suami yang baik, yaitu takut, kasih, tahu pada kehendak suaminya, percaya, menurut dan berjuang demi suami. Ada 3 hal kewajiban istri yang utama yaitu wedi (takut), gemi (hemat) dan gumati (setia) . Bagi wanita yang akan mengabdi hendaknya mepunyai atak : rajin, tak membuat kecewa, sungguh-sungguh dalam bekerja, tidak banyak tingkah, penuh perhitungan dalam bekerja, berhati-hati. Oleh kaena itu suami akan lebih senang terhadap istri yang bersikap menurut, karena menjadi penyebab akan disenangi, welas, buah dari menurut, asih buah dari mituhu, mantep yang menyebakan cinta langgeng.
Sumber : Falsafah Hidup Jawa - Suwardi Endraswara

Unsur Intrinsik Novel "Jemini" karya Suparta Brata

1. Novel Jemini karya Suparto Brata merupakan salah satu karya sastra yang mengangkat tema mengenai kawin paksa yang dilakukan oleh orangtua terhadap anaknya. Hal ini dapat dilihat pada episode ketika Semi dan Wagiman memaksa Jemini untuk kawin dengan prajurit yang berasal dari tangsi Sambongan.


2. Pemberian judul novel diambil dari salah satu tokoh sentral di dalam novel, yaitu Jemini. Tokoh Jemini merupakan tokoh sentral pada novel tersebut. Hal ini dikarenakan tokoh Jemini selalu berhubungan dengan tokoh lain pada setiap episode cerita. Tokoh lain tersebut antara lain: Wagiman, Semi, Oom Piet, Urip, Siti, Wak Talib, Radian, dan Kadinah. 

3. Latar yang muncul pada novel Jemini cukup bervariasi. 


a. Latar tempat antara lain: Kompleks Tangsi Surabaya yang terdiri dari Rumah Dinas Wagiman, Kampung Landa, Dapur Umum, dan Kamar Mandi Umum. Selain itu juga ada Tangsi Sambongan, Tangsi Betawi (Jagalan), Stasiun Pasar Senen, Stasiun Padalarang, Tangsi Batujajar, Rumah Raden Kartakusumah, Kantin Ibu Semi, Kampung Gatotan, Tangsi Batujajar, dan Pelabuhan Tanjungpriuk. 


b. Latar waktu, antara lain: tanggal dua puluh lima, satu bulan lamanya Jemini di rumah Raden Kartakusumah, sebulan sekali setiap tanggal dua puluh enam, hari Minggu dengan adanya acara matinéé, pada suatu hari, pagi hari, bulan Oktober musim kemarau, dan malam hari.


c. Latar suasana yang tergambar pada novel Jemini antara lain: suasana meriah perkawinan Jemini dengan Urip, suasana menegangkan dan panas pada malam hari di awal perkawinan Jemini dengan Urip, suasana menyedihkan dan memilukan ketika Jemini disiksa oleh Radian, suasana bimbang dan bingung untuk menentukan arah tujuan ketika Jemini meninggalkan tangsi Betawi (Jagalan), dan akhirnya menuju Padalarang, suasana sedih ketika Jemini dimarahi oleh Wagiman karena meninggalkan Radian tanpa pamit, suasana sedih Oom Piet Coertszoon ketika putus dengan tunangannya Marie Wevers, suasana sedih Oom Piet Coertszoon ketika belum mendapatkan izin atasannya untuk mengawini Jemini, suasana kesedihan Siti ketika ditanya Jemini tentang anak-anaknya yang dibawa Oom Slompret kembali ke Belanda, suasana sedih Kadinah ketika akan melahirkan, ia meminta Jemini mendatangkan Siti untuk menunggui kelahiran anaknya, suasana kegembiraan Oom Piet Coertszoon karena akhirnya atasannya mengizinkan ia mengawini Jemini selanjutnya pesta perkawinan keduanya di Gereja, suasana gelisah Jemini ketika menantikan kedatangan kembali Oom Piet Coertszoon dari Belanda, dan yang terakhir suasana haru ketika melihat Oom Piet tiba dari Belanda di Pelabuhan Tanjungpriuk. 


4. Alur pada novel Jemini termasuk lurus/maju. Dilihat dari alurnya novel ini beralur tunggal, karena ceritanya berpusat pada tokoh utama saja, yaitu Jemini. Novel Jemini memiliki alur tunggal sebab ceritanya berpusat pada tokoh utamanya, yaitu Jemini. Adapun akhir ceritanya novel ini beralur tertutup, sebab pada akhir cerita tidak menimbulkan pertanyaan-pertanyaan mengenai penyelesaian cerita dari novel Jemini tersebut. 


5. Sudut pandang pada novel Jemini menggunakan metode orang ketiga atau gaya dia. Pengarang menyebutkan nama para tokoh yang muncul di dalam novel Jemini. Maka dengan metode orang ketiga ini, pengarang dapat menjelaskan isi cerita dengan sebebas-bebasnya. 


6. Pesan/amanat yang ingin diungkapkan pengarang kepada pembaca dapat tersampaikan melalui novel tersebut. Amanat yang terkandung antara lain: 
a) Pentingnya pendidikan bagi orangtua dan anak 

b) Orangtua seharusnya melindungi dan menjaga anaknya, bukan menjerumuskannya dengan melakukan praktik kawin paksa. 

c) Seburuk apapun tingkah laku anak, orangtua akan selalu memaafkan dan menerimanya kembali. 

d) Jagalah selalu nama baik keluarga terutama orangtua. 

e) Jadilah anak yang berbakti kepada kedua orangtua. 

f) Roda kehidupan itu selalu berputar, terkadang di atas tetapi terkadang juga bisa di bawah. 

g) Setelah penderitaan akan datang kebahagiaan jika sabar dan tawakal menjalaninya. 

h) Cinta sejati akan datang diwaktu yang tepat.

j) Jangan suka mengumbar hawa nafsu dunia semata.

Minggu, 15 Juni 2014

Anggayuh



Sedina rong dina tak lakoni
Sewulan-wulan tak langkahi
Geneya setaun nggonku ugemi
Awan bengi tansah kelingan, tanpa bisa turu,
Yen…Ora kelingan, lagi bisa merem
Adoh ngomah, adoh wong tuwa
Saperlu … sak lembar
Kudu ngenteni kapan rampunge
Yen… diarep-arep
Nglangut… kaya ora tenemu nalar
Mung-mung, wis dadi kuwajibanku
Aku kudu anggayuh apa sing

Dadi kakarepmu. .

Kamis, 12 Juni 2014

Endang Nawangsih


Kacariyos wonten ing dhusun Canditoro wonten satunggaling prawan ingkang sulistiya ing werni, luhur bebudinipun ugi tansah sumedya paring pitulung dhumateng sanesipun, ingkang asmanipun Endang Nawangsih. Endang Nawangsih menika remen nenanem taneman janganan, teh kaliyan kopi, pawadanipun taneman menika saged damel warga sakiwa tengenipun ingkang boten gadhah ugi mbetahaken pitulungan.
Enjing menika nalika Endang Nawangsih taksih manen sawi, kepanggih kaliyan jejaka bagus ingkang asmanipun Citrasoma, putranipun Raja Hajipamoso panguwaos Pengging, ingkang nembe niti priksa wewengkon ramanipun kaliyan ngenggar-ngenggar manah wonten mriku. Saking pepanggihan menika, Citrasoma dados kesengsem dhumateng Endang Nawangsih. Pramila nalika kondur wonten ing Pengging, Citrasoma boten caos palapuran ngengingi kahanan wewengkon ramanipun, ananging malah ngandharaken pepenginanipun krama kaliyan Endang Nawangsih.
Semanten ugi Endang Nawangsih nalika dumugi dalem, age-age matur kaliyan Ki Ageng Pantaran menawi wau kepangggih klawan Citrasoma, dereng ngantos diwangsuli dening Ki Ageng, Citrasoma, Raja Hajipamoso, kaliyan Syeh Maulana malah sampun dumugi mriku. Kanthi sedya badhe nglamar. Mesthi kemawon Endang Nawangsih kaget sanget, dereng ngantos gantos dinten kok Citrasoma sampun dumugi wonten ing dalem. Nanging Endang Nawangsih banjur kelingan menawi putranipun Raja Pengging menika pancen misuwur kasektenipun, kagungan ajian Angin Selaksa, ingkang saged kangge ngrampungaken ayahan ugi mlayu kang rikat.
Endang Nawangsih matur kaliyan Raja Hajipamoso menawi purun nampi lamaran menika sawise Citrasoma saged damel tuk ing dhusun Canditoro. Mireng ature Endang, Citrasoma banjur bidhal saking mriku saperlu tapa.
Sajroning tapa Citrasoma dipunganggu dening 457 jin kaliyan 678 lelembut, ananging bola-bali amargi sekti pramila jin kaliyan lelembut wau saged dipunkalahaken dening Citrasoma, ugi dados ngrencangi Citrasoma. Anggenipun tapa Citasoma pitung dinten dangune, ugi boten muspra, nggrojog toya wening saking lerengipun Redi Merbabu tumuju dhateng dhusun Canditoro. Endang Nawangsih kaliyan Ki Ageng Pantaran nggumun ngertos kasektenipun Citrasoma.
Tiyang sadesa banjur nemoni Citrasoma ingkang taksih tapa. Sedaya padha maringi pangalembana dhumateng Citrasoma, nanging nadyan dipunalaem Citrasoma boten dados kumalungkung, malah saya andhap asor. “Kula boten nyipta tuk menika, “wangsulane Citrasoma kanthi alus. “Nanging menika sedaya peparingan saking Gusti kang Maha Asih, sanesipun ugi saking donga pangestunipun Ki Ageng Pantaran.”
Mireng ature Citrasoma kados menika, Ki Ageng Pantaran dados trenyuh, wonten ing sak ngatasipun putranipun raja tur sekti kok nggih andhap asor sanget. Wusananipun Ki Ageng Pantaran paring idin menawi Endang Nawangsih saged dipunpundhut kaliyan Citrasoma. Kanthi wiwit manika dhusun Canditoro dipungantos dados dhusun Pantaran.

-CUTHEL-
"Cerita rakyat saka Kecamatan Ampel, Kabupaten Boyolali".

Sabtu, 20 Juli 2013

APRIL - FIERSA BESARI (LIRIK)

Coba tanya hatimu sekali lagi
sebelum engakau benar-benar pergi
masihkah ada aku di dalamnya
karna hatiku masih menyimpanmu

kisah kita memang baru sebentar
namun kesan terukir sangat indah
ku memang bukan manusia sempurna
tapi tak pernah berhenti berharap

membuatmu tersenyum 
walau tak pernah berbalas
bahagiamu juga bahagiaku

saat kau teralu rapuh
pundak siapa yang tersandar
tangan siapa yang tak melepas
ku yakin aku

bahkan saat kau memilih
untuk meninggalkan aku
tak pernah lelah menanti
karna ku yakin akan kembali

ada engkau dalam setiap doaku
sungguh aku rindu berbagi tawa
kini kita tidak lagi menyapa
biarlah dari kejauhan

melihatmu tersenyum
walau tak pernah berbalas
bahagiamu juga bahagiaku

saat kau teralu rapuh
pundak siapa yang tersandar
tangan siapa yang tak melepas
ku yakin aku

bahkan saat kau memilih
untuk meninggalkan aku
tak pernah lelah menanti
meskipun engkau tak akan kembali

masih berharap . . . 
kau akan kembali. . .