Sabtu, 21 Juni 2014

Kumpulan Gurit

Telo

Pasar, warung, swalayan, lan liyane
Tak batin , tak sawang-sawang
E . . lha dalah
Bisa di gawe
Gethuk lindri
Lengko, sawut, gathot
Lan liya-liyane
Tak itung nganti 30 aran
Ya asale saka telo
Apa ora hebat. . .
Bener. . Allah iku maha pemurah








Kasur

Awan bengi tak turoni
Ora lali tak resiki
Ambane 10 kilan
Awit biyen nganti saiki
Aku ora lali
 Rasane kepenak
Kanggo wong sing nyenyak
Tumpuk undung samsoyo kepenak
Kanggo ibu lan bapak
Ora liya ya kasur sing kepenak







Munthu

Gedhene sak kepel
Kanggo gawe wong sing prigel
Yen ora ana mesthi cuthel
Bubar nganggo rasane pegel
Sanajan pegel
Nanging yen seneng ora bakal kesel
Bisa nguleg sambel lan pecel



Urip Iki


urip iki ora ana jaminan
kanggo terus bungah
ora ana kapasten
kabeh wong bisa kabuang
kanthi cara kang beda-beda
apa wong ora ngerti apa kui
kepaten
kanthi rasa lara
kang tansah ana bareng pepati
aku mung pengen lunga
kanthi rasa kang ana ing ati iki
kanthi sewiwi sing bakal nulung awak iki



Jempol

Siji. . . wong wadon aja kaya jenthik
Jenthik iku wong kang ora percaya
Barang sithik diuthik-uthik
Loro. . . dadia jenthik manis
Pulatan seneng ora mrengut
Nganggo ali-ali kethok manise
Kaping telu. . . wong wadon kayaa driji panunggul
Yen ngomong ngunggulake sisihane
Ngasorke awake dhewe
Ora tau gawe ati patuh
Kaping papat. . . wong wadon aja kaya jenthik penudhing
Senengake mbedake liyan
Senenge ngelehke
Senenge pinginan
Senenge neka-neka
Dumudhing kanggo kang maha kuasa
Kaping lima. . . wong wadon bisa angerteni
Jenthik, jenthik manis, pinunggul pinudhing
Wong kang bisa nglakoni iku
Ya wong wedok sing Jempol



Ngenes


Rikala aku SD
Diweling diwulang kanthi runtut
Ana tetandur ana pramuka ana unggah ungguh
Apa maneh basa jawa
Nanging saiki kok wis beda
Guruku ora bisa basa jawa
Tansah nganggo basa indonesia
Ana ngomah maneh
Nganggo basa Indonesia
 apa ora kleru?
apa maneh krungu-krungu
Basa daerah ora diajarake
Apa ora ngenes atiku




Ngalamun


Rupane sulistyo
Kulitane kuning langsat
Mripatmu damar kanginan
Rambutmu ngandan-andan
Bangkekmu nawon kemit
Tak sawang. . .
Tak batin. .
Oh walah. . .
Jebul sing tak sawang-sawang
Boneka Barbie



Mili

Alon jangkahku
mlangkah tumuju panggonan apa sing tak karepake
Timik. .timik. .
Alon. . alon
Lirih tanpa swara
Alon tak buka lawang mburi omah
krengkeeeetttt. .keeet keet
lawang kang wis tuwa
saka kayu jati
tak sawang saka kadohan
isih separo
rada lega weruh isih separo
tak cekel wadah beling
tak siling banyu kendhi
makgluk. . .gluk. .
banyu mili lewat krongkongan
nelesi apa-apa sing dilewati
seger. . .
iki sing jenenge nikmat
kerongkongan garing merga ngelak
teles merga ngombe


Isih


wiwit aku isih bayi
wong tuwa sing ngopeni
nganti tumekane saiki
wong tuwa isih gemati

mangkat sekolah disangoni
sandhang pangan wis mesthi
mula aku tetep ngajeni
wong tuwa sing tak tresnani