Sabtu, 21 Juni 2014

Jempol

Siji. . . wong wadon aja kaya jenthik
Jenthik iku wong kang ora percaya
Barang sithik diuthik-uthik
Loro. . . dadia jenthik manis
Pulatan seneng ora mrengut
Nganggo ali-ali kethok manise
Kaping telu. . . wong wadon kayaa driji panunggul
Yen ngomong ngunggulake sisihane
Ngasorke awake dhewe
Ora tau gawe ati patuh
Kaping papat. . . wong wadon aja kaya jenthik penudhing
Senengake mbedake liyan
Senenge ngelehke
Senenge pinginan
Senenge neka-neka
Dumudhing kanggo kang maha kuasa
Kaping lima. . . wong wadon bisa angerteni
Jenthik, jenthik manis, pinunggul pinudhing
Wong kang bisa nglakoni iku
Ya wong wedok sing Jempol



Tidak ada komentar:

Posting Komentar