Sabtu, 21 Juni 2014

Kumpulan Gurit

Telo

Pasar, warung, swalayan, lan liyane
Tak batin , tak sawang-sawang
E . . lha dalah
Bisa di gawe
Gethuk lindri
Lengko, sawut, gathot
Lan liya-liyane
Tak itung nganti 30 aran
Ya asale saka telo
Apa ora hebat. . .
Bener. . Allah iku maha pemurah








Kasur

Awan bengi tak turoni
Ora lali tak resiki
Ambane 10 kilan
Awit biyen nganti saiki
Aku ora lali
 Rasane kepenak
Kanggo wong sing nyenyak
Tumpuk undung samsoyo kepenak
Kanggo ibu lan bapak
Ora liya ya kasur sing kepenak







Munthu

Gedhene sak kepel
Kanggo gawe wong sing prigel
Yen ora ana mesthi cuthel
Bubar nganggo rasane pegel
Sanajan pegel
Nanging yen seneng ora bakal kesel
Bisa nguleg sambel lan pecel



Tidak ada komentar:

Posting Komentar