Sabtu, 21 Juni 2014

Mili

Alon jangkahku
mlangkah tumuju panggonan apa sing tak karepake
Timik. .timik. .
Alon. . alon
Lirih tanpa swara
Alon tak buka lawang mburi omah
krengkeeeetttt. .keeet keet
lawang kang wis tuwa
saka kayu jati
tak sawang saka kadohan
isih separo
rada lega weruh isih separo
tak cekel wadah beling
tak siling banyu kendhi
makgluk. . .gluk. .
banyu mili lewat krongkongan
nelesi apa-apa sing dilewati
seger. . .
iki sing jenenge nikmat
kerongkongan garing merga ngelak
teles merga ngombe


Tidak ada komentar:

Posting Komentar