Kamis, 03 Juli 2014

SERAT WIRA WIYATA bagian II





23. Mangkono uga yen bisa, 

miturut sarta ngakoni, 

temtu den opahi uga, 

wit gawe leganing ati, 

akeh tuwin sathithik, 

minurwat lan karyanipun, 

tan beda patrapira, 

prajurit jinunjung linggih, 

myang ingundur iku adil jenengira. 



24. Yen tan bisa samektanya, 

nora jumeneng prajurit, 

gawe tuna marang praja, 

weh lingeseming narapati, 

amung sira pribadi, 

kang ndhuwurken ing piyangkuh, 

mung lagi bisa aba, 

anggepmu mbutuhken nagri, 

ywa kebanjur duwe cipta kang mangkana. 



25. Wruhanta lalakonira, 

sajatine wus angemping, 

mring praja miwah Narendra, 

dene durung potang kardi, 

sira wus den paringi, 

sandhang pangan nora kantu, 

sinuba kinurmatan, 

ounjul sasamaning abdi, 

mangsa kala linilan lungguh satata. 





26. Apa kang sira upaya, 

kamulyan aneng nagari, 

ingajenan mring sasama, 

nyawabi mring sasama, 

nyawabi mring anak rabi, 

nadyan para maharsi, 

ingkang tapa neng ngasamun, 

mong tani lan nangkoda, 

rinewangan anderpati, 

nora liyan kamulyan kang den upaya. 



27. Upamane raganira, 

nora dadia prajurit, 

iya misih mangan sega, 

dene minum warih, 

saking wetuning bumi, 

uga kagungan ing ratu, 

lan sira ingayoman, 

rineksa kalawan adil, 

lamun datan rumasa sira duraka. 



28. Marma den sumurup sira, 

mring sih kamulaning Gusti, 

benjang yen tinuduh sira, 

lumawat ngadoni jurit, 

yeku karyanta yekti, 

pangudangireng Gustimu, 

kono aja pepeka, 

den madhep marang sawiji, 

nanging cipta sedyakna males mring praja. 



29. Prapteng papan cumadhonga 

ing printah senapati, 

aja abawa priyangga, 

dumeh sira bandha wani, 

lumangkah mring ngulabi, 

kang mangkono sasat mungsuh, 

gawe guguping rowang, 

weh gidhuhing senapati, 

yen kasora dadi sira antuk dosa. 



30. Lungguhing para prawira, 

yen ana madyaning jurit 

nora wenang duwe karsa, 

ragane pama jemparing, 

kang mesthi senapati, 

ing sakarsa kang pinanduk, 

linepas ywa saranta, 

angsahira den mranani, 

marang mungsuh aja keguh ing bebaya. 



31. Den kadi Partasuta, 

Bimanyu kala tinudhing, 

mangurah kang gelar cakra, 

dening sang Yudhistira Ji, 

sukaning tyas tan sipi, 

dupi rinoban ing mungsuh, 

kesthi trahing satriya, 

wedi wirang wani mati, 

yeka mangka tamsiling para prawira. 



32. Kono sedhenge medharna, 

ing kasuran guna sekti, 

nyimakna paningalira, 

ing tekad ywa walang ati, 

wruhanta senapati, 

wakiling Gusti satuhu, 

Gusti wakiling suksma, 

kang kinon ngudaneni, 

mring kawula kang sumedya mrih utama. 



33. Padha ingaran utama, 

ing pakaryan mangun jurit, 

iku kang luhur priyangga, 

wus kasebut kanan sruti, 

yen tapaning prajurit, 

ngasorken tapaning wiku, 

wit sumungkuning puja, 

neng pucuking gunung wesi, 

sang pandhita neng pucuking kang aldaka. 

34. Ing tekad dipun santosa, 

aja angrasani pati, 

apan tan minenang sira, 

gumamntung karsaning Widdhi, 

yen wis tibaning pasthi, 

nora pilih marganipun, 

ala mati neng wisma, 

becik mati kang utami, 

tur sumbaga dadi ngamale trahira. 



35. Wus ana keyektenira, 

sang Partasuta ing nguni, 

palastra aneng palagyan, 

lawan lagawaning pati, 

wit dennya anglabuhi, 

Pandhawa manggiha unggul, 

puwarantuk nugraha, 

sira wau Partasiwi, 

turunira angratoni tanah Jawa. 



36. Lamun durung takdirira, 

nadyan ana hru sakethi, 

yen tan waswas ing wardaya, 

sayekti nora ngenani, 

amung sajroning jurit, 

aja sira darbe, 

ing lair amanuta, 

ing sakarsa senapati, 

batinira kumambanga ing wisesa. 



37. Ri sedheng nen bayantaka, 

kalamun ana kang weri, 

nungkul wus mbuwang palastra, 

nora wenang den pateni, 

binandhang iku wajib, 

yen ngantia nemu lampus, 

tetep nistaning prajurit, 

nemu dosa temah apesing ayuda. 



38. Mangkono priyangganira, 

yen kaselut ing ngajurit, 

aja gugup den prayitna, 

ing tekad dipun pratitis, 

awit wong murweng jurit, 

ana papangkatanipun, 

nistha madya utama, 

yen kober dipun engeti, 

kanisthane wong kaselut neng ranangga. 



39. Ing papa nora kuciwa, 

gegaman samekta sami, 

atandhing padha kehira, 

tanpa kiwul ing ajurit, 

tangeh ana pepati, 

myang tanana nandhang tatu, 

mundur tanpa lasaran, 

mung labet kekesing ati, 

kang mangkono antuk dosa tri prakara. 



40. Dhihin marang ing Narendra, 

denira cidra ing janji, 

kapindho ngasorken praja, 

kang mulyakken marang dhiri, 

katri marang Hyang Widdhi, 

ngukuhi gadhuhanipun, 

kokum pantes linunanas, 

padhane sato wanadri, 

yen janmaa pasthi ana tekadira. 



41. Nadyan para prawira, 

yen kaseser ing ngajurit, 

nadyan keh kedhike padha, 

kasor papane sasupit, 

mundur amrih pakolih, 

ing pangolah nora gugup, 

sarana winiweka, 

kaangkah dennya mangungkih, 

yen sinerang rikat rinukat marwasa. 





42. Utaminireng prawira, 

sanadyan karoban tandhing, 

tatag tur simpen weweka, 

wengkoning papan tiniling, 

linanglangan kang weri, 

endhi kang suda ing purun, 

pinaran pinarwasa, 

winisesa amrih titih, 

estu jaya sadaya samya raharja. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar