Sabtu, 21 Juni 2014

Embuh

Rasa-rasane ora percaya
Ndeleng kahanan negaraku iki
Sesliweran wong-wong pada dhemo
Nuntut hak asasi. . .
Wira-wiri, ngalor ngidul, ngetan ngulon
Padha njaluk keadilan
Ora cetha njaluk karo sapa
Pamarintah wis bingung kudu ngapa
Mung bisa cekelan sirah
Nanging sirah opo?
Lha wong sirahe wis ilang,
Katut kasus-kasus korupsi!
Yen ngene sapa sing kudu disalahke
Masyarakat apa pamarintah!!
Ahhhhh…. Ora ngerti aku
Aku mung bisa ngomong

Embuh. . . 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar