Sabtu, 21 Juni 2014

SERAT WIRAWIYATA

SINOM


1. Wuryanta dennya manitra, 
Nujwa ari wrahaspati, 
Kaliwan tanggal sapisan, 
Sasi saban wuku wukir, 
Ehe sangkelang warsi, 
Murtyasha amulang sunu (=1788) 
Sung pariwara darma, 
Jeng Gusti Pangeran Dipati, 
Harya Mangkunagara ingkang kaping pat.

  

2. Heh sagung pra siswaningwang, 
Kang samya dadi prajurit, 
Aja wiyang ig wardaya, 
Rehing wus sira lakoni, 
Balik dipun nastiti, 
Marang ing kawajibanmu, 
Owelen sariranta, 
Reksanen luhurmu sami, 
Yen kuciwa weh alun alaning raga.



 3. Awit sira wus prasetya, 
Nalika jinunjung linggih, 
Saguh nut angering praja, 
Myang pakoning narapati, 
Sineksen den estreni, 
Mring para wira sawegung, 
Upama sira cidra, 
Nyimakke ajining dhiri, 
Temah nistha weh wiranging yayah rena.
  


4. Ywa sira duwe pangira, 
Lamun wong dadi prajurit, 
Karyane abot priyangga, 
Wruhanta sagung pakerti, 
Kabeh donya puniki, 
Tan ana prabedanipun, 
Kang dagang neh lautan, 
Miwah ingkang among tani,
 Suwana kang suwita ing narendra.

  

5. Myang kang tapa jroning guwa,
 Kang manusup ing asepi,
 Lakone padha kewala,
 Awit iku dadi margi,
 Mrih katekaning kapti,
 Sapangkate pandumipun,
 Nanging saranira,
 Mantep temen lan taberi,
 Samektane ingaranan laksipaja.



6. Lawan sira sumurupa,
 Kang kalebu pangabekti,
 Nora sembahyang kewala,
 Kang dadi parenging Widdhi,
 Sakeh panggawe becik,
 Kang manteb suci ing kalbu,
 Uga panembah,
 Yen katrima iku sami,
 Sinung rahmat samurwate badanira.
  


7. Lamun tan mawa sarana,
 Paran katekaning kapti,
Lir mbedhag tanpa wisaya,
Sayektinira Hyang Widdhi,
Tan karsa mitulungi,
Marang wong kang datan laku,
Nir ngamal myang panembah,
Kumudu dipun turuti,
Ngendi ana Gusti wineh ing kawula.



8. Kang mangkono andupara
Lamun jinurung ing kapti,
Malah nandhang duka cipta,
Kasiku angreh Hyang Widdhi,
Marmanta sira sami,
Aja kasusu panggayuh,
Manawa during ngrasa,
Duwe ngamal kang nlabeti,
Becik sira angona lakuning praja.



9. Dene sira iku bagya,
Antuk kawiryawan mangkin,
Yektine katut prabawa,
Saking leluhmu sami,
Nguni wus patang sakit,
Dadya ing kapenakipun,
Tumiba marang sira,
Murwa sukur ing Hyang Widdhi,
Tarimanen berkahing wong tuwanira.




10. Jer janma kang wus minulya,
 Lis wadhahe lenga wangi
 Utamane winantonan,
Gandane saya menuhi,
Nadyan ngisengan warih,
Lebating we maksih arum,
Kang mangka sudarsana,
Jeng Gusti Pangeran Dipati,
Harya Mangku Nagara ingkang kapisan.



11. Duk babade murweng yuda,
Neng alas limalas warsi,
Sewu lara sewu papa,
Ngupaya mulyaning dhiri,
Antuk pitulung Widdhi,
Katutungan karsanipun,
Mukti sawedyanira,
Tumerah dalah samangkih,
Buyut canggah kasrambah milu wibawa,



12. Iku ta kayektinira,
Pralambang lenga wanngi,
Upamane duk samana,
Tan antuk pitulung Widdhi,
Praptane jaman iki,
Tan ana caritanipun,
Marma den enget sira,
Aja ngaku angekoki,
Mung ngrasaa lamun anempil wibawa.



13. Mangkana gya winantonan,
 Marang kang jumeneng malih,
 Jeng Gusti Pangeran Dipatya,
 Mangkunagara ping kalih,
 Pinet sraya mring Inggris,
 Amukul nagari Matarum,
 Sabesahe kang praja,
 Ginanjar sewu kang bumi,
 Dadi tetap lenggah limang ewu karya.



 14. Rambah malih sinarya,
 Marang Gubermen Walandi,
 Mukul prang Diponegara,
 Sarampunge ing ajurit,
 Ginanjar bumi malih,
 Sukowati limang atus,
 Lan blanja saben wulan,
 Mangka ingoning prajurit,
Patang ewu patang atus wolung dasa.


15. Prapta panjenenganira,
Jeng Gsti Pangeran Dipati,
Mangkunegaraa ping tiga,
Ing drajat pinrih lestari,
Mangun harjaning budi,
Mring Gupermen tyas sumungku,
Ginanjar kang bandera,
Lan mariyem kalih rakit,
Iku mangka tandhaning sih pinarcaya.



16. Kepriye yen sira ngras,
 Antuk kalawan pribadi,
 Dadi mungkir jenengira,
 Kaciren lair myang batin,
 Ginaguyweng sasami,
 Lupute gonira ngaku,
 Langguk piyangkuh nira,
 Kasiku marang Hyang Widdhi,
 Dadi tuna duwe turun kang mangkana.



17. Lamun yekti saking sira,
pribadi tandhane endi,
 apa wus munjuli sira,
 marang samaning dumadi,
 saking ing krama niti,
 lawan apa wus misuwur,
 ing guna prawiranta,
 kang kanggo marang nagari,
 baya durung lir lakone luhure.
  


18. Pira bara sira bisa,
ngupure darajat malih,
 dadi janget kinatigan,
 dadi santo seng wuri,
 tumurun marang siwi,
sokur bisa prapteng putu,
 milu tampa kawiryan,
 yogyane angkahen kaki,
 ra orane aja punggel saking sira.
  


19. Lamun drajat kalakona,
 punggele saking sireki,
 dadi sira nganiaya,
 marang darahmu pribadi,
tan kendel ingkang wuri,
 dhapur kapotangan laku,
 salagi tembe bisa,
 antuk kang darajat malih,
 sasambungan yekti becik kang widada.
  


20. Upama nora punggele,
 jer nora ngupaya malih,
 yen wus punggel nadyan sira,
 semedi ing saben ratri,
 antuke durung mesthi, tiwas
angengecer laku,
marma den enget sira,
 sajrone lumakyeng kardi,
pangreksamu ing drajat aywa pepeka.



 21. Dene jejring wandanta,
 ing mangko dadi prajurit,
 maju baris lawan jaga,
 teori lesan sepeksi,
 iku dudu pakarti,
 ajar-ajar jenengipun,
 wus dadi wajibira,
 prajurit dipun geladhi,
papadhane santri ingajar sembahyang.

  
  
22. Sinung ukum sawatara,
 yen nglirwakken marang wajib,
 iku wus lakune praja,
 jejege kalawan adil,
 sanadyan liyan janmi,
  duk neng yayah renanipun,
 yen luput rinengonan,
 utawa den jemalani,
 dadi iku wineruhken tata krama.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar